PITUTUR LUHUR
ing bab menika badhe dipun udhari pitutur- pitutur luhur ingkang dadhos paugeman lan dadhos gugon tuhonipun tiang jawi kang lelampahan wonten ing alam ndanya punika.
ingkang badhe dipun rembug inggih punika :
1. OJO DUMEH
pitutur kang kasebut iku wes akeh kang podho mangerteni tegese, yaiku manawa menungsa kang gesang ing alam ndanya iku ora oleh dumeh marang apa kang dinduweni. manawa jalma gesang iku kudhu sareh lan tawadhuk marang apa kang dinduweni. dumeh iku uga ateges rumangsa luweh ing samubarang apa wae, lan nganggep wong liya sarwa tuna lan asor tinimbang dheweke.
ono sawernane pagugon ojo dumeh, yaiku :
ojo dumeh sugih banjur dho semugih, bondho iku mung nyilih, mbesuk bakale muleh. Dadi manawa manungsa rumangsa katitipan donya kang luwih tinimbang sapadhane, mangka aja banjur padha gumedhe, lan dumeh marang sapadhane. Donya kang dititipake iku kudhu bisa katanjakake marang dalan kang bener lan kabeh iku mau kanthi ing pangajab mugiyo tansah pinaringan barokah saking ngarsaning gusti ingkang ngakarya jagad.
ojo dumeh pinter banjur dho keminter, pinter yen ora bener mbesuk bakal keblinger.
Dhadhi manawa manungsa iku nduweni ngelmu kang luwih tinimbang sapadhane, mangka ngelmu iku kudhu digunakake kanggo minterke lan paring pituduh marang liyan kang sak kirane ora pathi weruh ing babagan ngelmu apa wae kang di nduweni. ngelmu kang di nduweni aja banjur digawe minteri marang wong liya, yen kaya mangkana iku ateges ngelmune malah tuna mungguing gusti Allah.
ojo dumeh ayu banjur dho kemayu, ngelinga tuwamu, yen kempong peyot ora payu. Manungsa kang diparingi rupa kang ayu utawa ngganteng, ora kepareng banjur dho ngunggulake ayu utawa nggantenge. amarga iku kabeh amung sawetara, kabeh iku amung ana ing ndonya kang ora bakal bisa lestari saklawase. Amarga yen wus tuwa sethithik wae apa kang di unggul - unggulake bakal musna lan wes bakal maleh dadhi ora ayu maneh. lan uga ayu lan ngganteng iku amung sak tipise kulit wae, dadhi tuna banget manawa manungsa dumeh marang sapadhane amarga ngunggulake ayu utawa baguse rupa.
2. OJO ADIGANG, ADIGUNG , ADIGUNA
“Adigang adigung adiguna” menika tegesipun tiyang engkang ngandalaken kaluwihane piyambak. Adigang menika tegesipun kakuwatan, Adigung ategesipun agengipun, menawi adiguna ateges kapinteranipun.
adigang adigung adiguna saged dipun gambaraken tiyang engkangngunggul-ngunggulaken utawi nyombongaken apik rahi kaliyan awakipun, nyombongaken agenging awak utawi katurunanipun, nyombongaken kapinteranipun lan sapanunggalanipun. Kaluwihan ingkang diparingi dening gusti Allah kagem manungsa. Paribasan menika dipun ginakaken damel ngandani tiyang supados mboten sombong kaliyan nopo mawon engkang dipun gadahi. Tiyang umpami sampun ngrasa nggadahi kaluwihan utawi nopo kemawon engkang saged dipunbanggaaken, dados mboten eling bilih menika sedanten namung titipan saking Gusti Allah. Kaluwihan ingkang diparingi dening gusti Allah kagem manungsa supados diginakaken mbiyantu tiyang sanes utawi wonten manfaatipun. Sombong ngrasa luwih saking tiyang sanes menika saged ndamel piyambakipun tumindak saksenenge dhewe kaliyan tiyang sanes.
Cirinipun sifat Adigang adigung adiguna, aja dumeh, kaliyan ampun kamilikan kalih duwekke tiyang sanes.
Manungsa kedah saged ngadohi sifat adigang adigung adiguna, tegesipun sewenang-wenang ngendelaken kekiyatan, jabatan, kaliyan kesugihanipun saksenenge piyambak.Ciri-cirinipun tiyang adigang adigung adiguna inggih menika sewenang-wenang, nggadahi sifat sombong, menawi gadah bawahan sakkarepe piyambak, aji mumpung damel untunge piyambak, menawi sampun dados tiyang sugih nggadahi anggepan bilih nopokemawon saged dipun tumbas ngaange arta.Tiyang ingkang nggadahi sifat adigang adigung adiguna biasanipun mboten gadah berkahing Pangeran, kathah tiyang ingkang padha sengit,dendam kaliyan ndongakaken ala. Aja dumeh, inggih menika ngginakaken keluwihan piyambakipun, pamrih ngetonaken kaluwihanipun, saged dipun arani mentang-mentang……., aja dumeh bagus banjur kembagus, aja dumeh pinter banjur keminter, aja dumeh sugih banjur sumugih. Sepinter-pintere tiyang tasih wonten ingkang luwih pinter pramila menika mboten estu nggadahi sifat adigang adigung adiguna. Ciri-ciripun tiyang dumeh inggih menika kemungklung ngunggulaken awake piyambak, ngremehaken dumateng tiyang sanes, sombong utawi takabur. Dados tiyang ugi ampun nggadahi sifat milik’an kaliyan barang ingkang dipun gadahi tiyang sanes. Ampun nggadahi pikiran pengen nggadahi barang ingkang mboten dados hak kita.
Dados pemimpin ampun nggadahi sifat kumwuasa
Wonten tiyang ingkang nggadahi kecepatan, kekiyatan lan gadah kemampuan sae sahingga tiyang menika dipun pilih dados pemimpim ingkang nggadahi harapan supados saged mimpin tumuju kebajikan. Dados pemimpin nggadahi hak damel ngatur tiyang sanes, hak damel mutusaken, hak ndamel peraturan lan sapanunggalanipun. Nanging dados pemimpin mboten pareng nggadahi ngraos piyambakipun luwih.
Adigang adigung adiguna menika simbol saking kaluwihan engkang dipun gadahi manungsa
Tiyang ingkang ngrasa piyambakipun elok, nggadahi pikiran bilih tiyang sanes mboten elok kados piyambakipun. Tiyang ingkang nganggep dewekipun gedhe lan kuat nganggep tiyang sanes lemah. Tiyang ingkang nganggep piyambakipun pinter nganggep tiyang sanes mboten ngertos nopo-nopo lan nggurui. Tiyang ingkang nganggep piyambakipun pinter ngomong biasanipun ngaruhi tiyang sanes ngginakaken omonganipun. Bab mekaten wonten masyarakat jawi dituladhani kewan kijang utawi menjangan (adigang), kijang gadah anggepan sungunipun inggih menika barang ingkang paling sae wonten ing donya. Nanging, kijang menika mati kenging sungunipun. Mboten mangertos amargi dipateni, utawi sungunipun nyangkut wit-witan. Adigung saged dipun tuladhani ngagem kewan gajah ingkang badanipun ageng kaliyan kiat. Gajah ngraosaken bilih napa kemawon saged dipunatasi ngagem kekiyatanipun. Nanging, gajah mati sebabipun bobot badanipun amargi kepleset wonten jurang sahingga mboten saged ngangkat badanipun amargi abot. Adiguna saged dipuntuladhani ngagem ulo, ingkang gadhah bisa. Ular menika nyombongaken bisanipun, nanging ulo menika mati amargi dipun sabet kaliyan anak pak tani ngagem sabetan kajeng alit. Menika sedanten saged damel pamikiran bilih kita mboten pantes sombong. Mboten usah nganggep piyambakipun luwih sae kaliyan tiyang sanes amargi kita dereng temtu mawon luwih katimbang tiyang sanes. Manungsa kadah kekirangan, mboten wonten manungsa ingkang sampurna.
Kapribadian tiyang jawi ingkang sae kedah dipun ginaakaken, Tiyang Jawi kedhah mboten gadhah sifat adigang adigung adiguna
Sakmenika tasih wonten Tiyang jawi ingkang tasih nguri-uri kapribadian ingkang sumberipun saking Kraton Ngayogyakarta. Umpaminipun pituduh “Ojo dumeh” ingkang artosipun menawi manungsa menika mboten pareng nggadahi sifat angkuh utaminipun menawi pinuju sae rejekine utawi sae kalungguhanne. Semanten ugi awer-awer kangge para pemimpin ingkang kedah nggadahi sifat ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani, waspada purbawisesa, ambeg parama artha, prasetya, gemi nastit. Pituduh menika mboten mawon kagem pamimpin nanging kedah dianut amrih dados manungsa ingkang “jawa”. Semanten ugi sifat lembah manah, sepi ing pamrih rame ing gawe, biasanipun dados cirinipun tiyang jawa. Tiyang Jawi kedah mboten gadah sifat adigang adigung adiguna, iri, dengki kaliyan srei. Tiyang jawi ugi kedah tanggap lan lantip ing semu lan sasmita, mboten sedanten kapinginanipun diucapaken.

0 Comments:
Post a Comment
Subscribe to Post Comments [Atom]
<< Home